Nyuprih Ilmu
Agama
Poro hadirin sidang jamaah
jumat ingkang dimulyaaken Alloh SWT. Wonten ing wekdal meniko monggo kito
ngatah-ngatahaken muji syukur dateng Alloh, inggih puniko pengerane sedoyo
alam, pengeran kang paring welas asih, lan ugi pengeran kang nguasani
dino piwalesan. Mboten wonten maleh pengeran kang haq disembah kejobo Alloh lan
mung dumateng Alloh lah kito nyuwun pitulungan. Monggo kito nyuwun dumateng
Alloh supados diparingi pituduh marang dalan ingkang lurus, inggih puniko
dalane tiyang-tiyang ingkang diparingi nikmat kaleh Alloh, sanes dalane
tiyang-tiyang ingkang sesat lan dibendu kaleh Alloh SWT, naudzubillah
mindzalik.
Poro hadirin
ingkang dimulyaaken Alloh, perlu kito sumerepi bilih menopo setiap khutbah
jm’at puniko poro khotib mesti wasiat supados ningkataken taqwa dumateng kito
sedoyo, ittaqulloha haqqo tuqotih walaatamuutunna illa waantum
muslimuningkang artosipun: taqwao siro kabeh marang Alloh kanti saktemen-temene
taqwa, lan ojo mati siro kabeh kejobo mati wonten keadaan Islam.
Sangking
wasiat meniko saget kito pendet kaleh kata kunci, pertama nopo ingkang dipun
arani takwo, lan engkang nomer kaleh, nopo ingkang dipun arani Islam.
Pertama,
taqwo, secara umum taqwo iggih meniko wedi marang Alloh, maksudepun wedi marang
ancamane Alloh. Keranten sifat wedi meniko tiyang kolowau selalu berusaha
nglampahi sedoyo perkawis ingkang diwajibaken Alloh lan berusaha ngedohi sedoyo
laranganepun Alloh SWT.
Gusti Alloh
sampun dawuh wonten surat Al-Baqoroh ayat tigo, alladziina yukminuuna bilghoibi
wayuqiimuunassholata wamimma rozaqnaahum yunfiquun.
Ingkang
artosepun, kang aran taqwo inggih punikoTiyang-tiyang ingkang iman marang kang
ghoib (tegesepun iman dumateng Alloh, Malaikat, dino Akhir, lan qhodlo’qodar),
tiyang ingkang ndiriaken sholat, lan nafkahaken sebagian rizki kang sampon
diparingi Alloh dumateng kito, tegesepun aweh shodaqoh.
Walladziinayukminuna
bimaaunzila ilaika wamaa unzilaminqoblika wabil Aakhirotihum
yuuqinuun. Lan ugi tiyang-tiyang ingkang iman marang kitap Alquran ingkang
sampun diturunaken dumateng kito lan iman dumateng kitap-kitap sederengepun
Alquran. Lan ugi tiyang-tiyang ingkang yaqin wontene kehidupan akhirot.
Menikolah ingkang dipun arani kaleh ittaqulloha haqqo tuqotih(sejatine
taqwo).
Poro hadirin
ingkang dimulyaaken Alloh.ingkang Kaping kaleh, Islam. Kata Islam dipendet
saking bahasa Arab salima ingkang artose slamet, sentosa, lan damai.
Selajengepun berubah dados kataaslamaingkang arotose berserah diri, tunduk lan
patuh. Mongko sebab meniko tiyang ingkang berserah diri, taat lan patuh
dumateng Alloh dipun wastani kalihan tiyang muslim. Saking pengertian menikolah
kata Islam parek kaleh kata agama ingkang gadahi arti keyakinan, addiinu
allughotil yaqiin (agami secara lughot inggih puniko keyakinan. Dadosipun
agomo puniko mung kangge tiyang-tiyang ingkang yaqin mawon, tegesepun tiyang
ingkang iman. Lah tanda-tandanepun tiyang ingkang iman utawi yaqin inggeh
meniko dzikrun katsiir, piambake katah ilinge dumateng Alloh. Semakin
katah anggenipun eleng dumateng Alloh mongko semakin tinggi kualitas iman
tiyang kolowau. Keranten sifat selalu eleng dumateng Alloh menikolah piambake
selalu berusaha semaksimal mungkin anggenipun nglampahi sedoyo perintahepun
Alloh lan ngedohi sedoyo laranganepun.
Saking
wasiat walaatamuutunnaillaa waantun muslimuun menikolah kito sedoyo
dipun wanti-wanti, di eman kaleh Alloh supados mboten mati wonten ingdalem
keadaan mboten Islam. Tegese mboten iman dumateng Alloh lan mboten ngelampahi
sedoyo ingkang sampun disyariataken dining Alloh. Sehinggo tiyang meniko mati
wonten keadaan kafir lan wonten akhirat mboten angsal pitulungane Alloh
SWT, Naudzu billah min dzaliki.
Poro hadirin
ingkang dimulyaaken Alloh. Saking menikolah kito diwajibaken Alloh nyuprih ilmu
saking bayi dumugi liang lahat, tegese sampek sedo. Terlebih diwajibaken
nyuprih ilmu agama, keranten kito gesang niki minongko tiyang ingkang wuto kang
perlu teken supados mboten kesasar lan butuh bimbingan saking tiyang ingkang
saget dipercoyo supados mboten disasaraken anggenipun mlampah. Ten mriki ilmu
agami minongko teken, lan tiyang ingkang saget dipercados omongane inggeh
puniko dawuhe poro Ulama’. Keranten al ulamaa’u warosatul ambiyaa’I
(ulama’ meniko pewaris poro nabi). Dados ilmu puniko mboten ten
sekolah-sekolahan mawon, nanging ten pundi-pundi panggenan. Sopo wonge ingkang
demen kaleh Ulama’ berarti tiyang kolowau demen kaleh Nabi, lan sinten tiyang
ingkang demen kaleh nabi, berarti demen kaleh Alloh. Mongko Alloh bakal paring
pitulungan dateng tiyang kolowau supados slamet dunyo lan akhirot. Lan semunu
ugo sewalike, sinten tiyang ingkang geting marang Ulama’ berarti tiyang kolowau
geting kaleh Nabi, lan sinten tiyang ingkang geting kaleh Nabi berarti tiyang
kolowau geting kaleh Alloh. Mongko tiyang meniko di jaraken Alloh wonten kesesatan,
lan ten akhirat tiyang meniko mboten angsal syafa’atepun kanjeng nabi, tegese
mboten angsal pitulungane Alloh SWT. Naudzubillahimindzalik..
Poro hadirin ingkang dimulyaaken Alloh, saking meniko kito sampun mngertosi dununge taqwo, iman lan Islam. Bilih agomo puniko kangge tiyang ingkang percoyo mawon, tegesepun iman dumateng Alloh. Lah pengamalan saking iman punikolah ingkang disebut kalian taqwa, yakni beruaha semaksimal mungkin nglampai sedoyo perkawis ingkang diwajibaken Alloh lan berusaha ngedohi sedoyo perkawis ingkang dipun larang kaleh Alloh. Supados kito tergolong tiyang ingkang muslim Sejati, tiyang ingkang slamet kerono angsal pitulungane Alloh ndunyo lan akhirat. Amin amin yaarobbal aalamiin..
Ja’alallohu
waiiyakum minal faaiziin..
No comments:
Post a Comment